Featured

Folklor Cerita Rakyat Mula Dadine Desa Dasun

Dongeng cerita rakyat saka Kabupaten Rembang

Intro

Sore rikala srengenge wis gawe werna langit dadi jingga. Kapal cilik nyedhak, isi wong lima sing kabeh gawa pedhang dawa.

“Mboeng-mboeng, piye iki? Kene mung wong loro, ya ra gawa gaman nggo jaga-jaga.”


“Wadhuh, aku ya ra ngerti, Soen! Niat lunga adoh saka negarane dhewe kanggo dodolan, lha kok malah ana bajak laut kayak ngeniki. Nasib-nasib!”


“Kowe kabeh milih nyawa apa bandha? Yen pengen urip, ndang kene! Wenehke kabeh bandhanem sing mok gawa!” Guneme salah sijine bajak laut, sing pawakane paling gedhe uga dadi kepalane.

***

Isi Cerita

Nalika semana kira-kira abad 18, ning wilayah Kadipaten Lasem tumeka kapal siji sing cukup gedhe. Ning jero kapal iku mau ana wong loro bangsawan saka China, sing mboh kepiye carane bisa mandheg teka kono. Asline wong loro mau iku arep dodolan ning wilayah Selat Sundha, nanging pas isih ana ning perjalanan malah dirampok karo bajak laut. Merga wis ra ana tujuan, kabeh sandhang pangan wis ilang, loro karone ya wis lesu. Akhire tekdir gawa bisa tumeka Kadipaten Lasem.


Wektu iku, wilayah Lasem durung akeh pendhudhuke. Alas isih sugreng, setengah wilayahe arupa rawa-rawa. Bangsawan loro saka China mau, jenenge Daesoen lan Mamboeng. Loro karone kanca akrab sing susah seneng dilakoni bareng, tanpa ngerasa pamrih, tanpa mikir nguntungake awak dhewene. Kabeh masalah sing teka bakal dirembug bareng supaya nemu dalan sing apik kanggo karone.

Semilir angin laut, gawe karone ngrasa akrab karo wilayah sing lagi wae ditekani iki. Bantere suara ombak saka lor Kadipaten Lasem, kaya-kaya dadi pratandha tumekaning jiwa sing kuat dadi pengiring karone. Esuk sing padhang tanpa mendhung, manglih dadi esuk kang sarwa endah jalaran ana wit-witan gedhe, nalika karone mlaku mengidul.

Nalika mlaku, karone mlengak ngiwa tengen karo ndelok saben wit-witan sing dilewati. Sapa ngerti bakal nemu woh-wohan sing bisa dipangan. Sak wise mlaku suwe, Daesoen lan Mamboeng isih durung nemu pakanan. Banjur karone ketemu karo pendhudhuk sing ana ing kono. Jebul masyarakat lokal grapyak tur apik banget, karone diwenehi mangan kanggo ganjel weteng.

Sak wise mangan, karone banjur istirahat ning ngisor wit sing gedhe tur ngayomi. Wektu iku, karone ora duwe papan sing kepenak kanggo istirahat. Mula gawe omah gubuk kanggo netep sawetara wektu. Angger dina, loro karone mesthi lunga bareng kanggo nglakoni urip sing isih kurang lan susah kabeh, merga asline ya isih dianggep wong asing karo pendhudhuk lokal. Senajan wis padha apik kabeh, rasa beda isih tetep ana. Nanging, merga nduweni tekad sing kuat, gawe Daesoen lan Mamboeng tambah yakin yen bakal diajeni ing wilayah kono.

Esuk ganti awan, awan wus ganti bengi. Nalikane rasa kesel wis ra bisa diempet, gawe karone bisa turu angkler. Wektu turu, Daesoen oleh ngimpi supaya bisa ngubah wilayah iku dadi desa sing ayem tentrem. Ora suwe, pitik kluruk banter, srengenge wis teka saka wetan, karone tangi saka turune.

Sak wise tangi, Daesoen ngomong ning Mamboeng, “Mau bengi aku oleh ngimpi, supaya ngubah wilayah iki dadi sijining perkampungan. Menurutem piye, Mboeng? Apa kowe setuju karo apa sing tak impeni iku?”

“Aku setuju karo usulanmu iku, Soen, iku idhe sing apik. Nanging, sakiki jumlah penduduk ning kene isih durung cukup kanggo gawe sijining perkampungan. Apa meneh dhaerah kene isih akeh sing arupa rawa-rawa,” Mamboeng mangsuli.

Wangsulan mau gawe Daesoen meneng lan mikir. Wonge banjur ndelok wit gedhe karo ngerasa was-was. Kaya-kaya Daesoen mung ndelok searah marang wit gedhe mau. Semilir angin gawa godhong-godhong mabur marang arah liyane. Suara manuk saut-sautan banter lan endah. Hawane dadi sepi, kaya krasa yen mung karone sing ana ning kono tanpa pendhudhuk kang akeh.

Daesoen ngajak Mamboeng mlaku-mlaku ngubengi wilayah iku karo ndelok wit siji sing katon apik.
“Mboeng, wilayah kene kok katon apik banget ya? Kayake aku bakal ngrasa seneng yen urip ning kene. Apa ya kowe ngrasa apa sing tak rasake, Mboeng?” Daesoen takon.
“Ya jelas mesthine, aku ya seneng panggonan iki, Soen. Tentrem lan elok banget rasane,” Mamboeng mangsuli.
“Ayo diteruske maneh mlakune!” Daesoen ngajaki.
“Ayo, Soen!” saut Mamboeng.

Bengi wis tumeka, srengenge wus ngilang saka langit. Gawe sesanti dadi peteng. Mamboeng wis turu ning gubuk, beda karo Daesoen sing isih wae mikirke cara apa sing kudu dilakoni, supaya bisa gawe perkampungan ning wilayah iki. Senajan ana sing isih arupa rawa.

Sawetara wektu, Daesoen mikir carane mau kanthi nutupi rawa nganggo lemah, supaya bisa dinggo nandur. Dumadakan Daesoen keturon, jebul awake wis kesel, jaluk leren. Daesoen keturon ning wit gedhe mau, turune karo mesem lan ngimpi apik yen masalah sing dikipirke mau bakal mari.

Esuk tanpa mendhung, gawe rasa bregas ning Daesoen. “Mboeng, aku duwe karep nutup rawa iki nganggo lemah, banjur nandur ning kene,” Daesoen ngucap kanthi wajah sumringah. Mamboeng mangsuli kancane mau, “Aku setuju karo kowe, Soen, pancen ning kene durung ana sing nandur. Aku gelem bantu.”

Ing wektu iku uga, Daesoen lan Mamboeng nutup rawa. Tindakan iku diweruhi para pendhudhuk, banjur kabeh padha mbantu. Sawise ketutup lemah, karone nandur macem-macem wit-witan pangan uga palawija.

Tiba mangsa panen, pendhudhuk padha gumun karo sing dilakoni Daesoen lan Mamboeng. Merga pancen asline pendhudhuk lokal akeh-akehe miyang, golek iwak ning laut. Karone panen tandur-tandurane, ora lali mbagi setengah hasile marang para pendhudhuk lokal. Luwihane dinggo simpenan pangan lan didol ning pasar kutho supaya bisa entuk upah.

Para pendhudhuk teka marang gubuk, padha nakoni karone, “Kepiye caranem kabeh bisa entuk panen akehe ngene?”. Daesoen mangsuli, “Iku kabeh ora liya ya mung kanggo ngilangke rasa bosen kita.” Wektu terus nambah, pendhudhuk saya suwe saya akeh. Saka wilayah liya ya padha teka, merga ngerti kasile tani Daesoen lan Mamboeng. Merga saka idene Daesoen, akeh sing pindhah dadi tani. Daesoen dadi wong sing diajeni lan digunggung pendhudhuk sing sansaya akeh iku.

Mula iku ana pendhudhuk sing usul yen wilayahe diwenehi jeneng “Desa Daesoen”, kanggo ngurmati Daesoen merga jasane sing gawe makmur wilayah mau. Akhire jaman sakiki sing wis reja, desa mau diarani “Desa Dasun”.